Kilaf
ing Atur
(Sri Wulan Hidayati)
Mireng suwantenipun
montor ing ngajeng griyanipun kula.
Suwanteniku wunguaken kula saking tilem siyang. Sak wekdal kula bikak
paningal,suwantenipun boten midhabget malih. Ingkang midhanget inggih punika
tiyang mlampah ingkang nembe munggah ondo griyanipun kula. Kasuyatan wonten
tiyang nembe ngetuk lawang griyanipun kula.
“Assalamu’alaikum,
dek Wulan?” midhanget suwanten saking
wingking lawang.
“Wa’alaikumsalam,
sekedap nggih.” Wangsulanipun kula.
Saminipun paningal kula
ingkang tesih ngantuk, kula cobi ngadeg lan mlampah arep bikak lawang.
“Eh… Mbak Dewi.”
“Inggih Dhek..Pripun
kabare?”
“Alhamdulilah sae Mbak,
sampeyan pripun?”
“Kula nggih sae, Dhek”
“Monggo mlebet pinamarak
rumiyen, Mbak! Wonten napa nggih?”
“Ngeten Dhek, enjang
enjing kan wonten Piknik ing Jogja,kancamu wonten sing dherek?”
“Boten wontwn Mbak.”
“Owh…Nggih mpun. Dek
sonten niki sampeyan wonten pawiyatan?”
“Boten wonten Mbak,
pripun nggih?”
“Dek wau Bambang pesen kalih
kula , sampeyan sak niki dikengken teng griyane kula.”
“Owh… Sekedhap nggih
Mbak…??”
Kula mundhut HP saking
kamar kula.Amargi kula kasesa, kula tesih ngagem sandangan tilem kula.
“Sampun siap Dhek?”
“Sampun mbak.”
Kula lan Mbak Dewi
lajeng tindak marang dalemipun Mbak Dewi.Boten dangu, kula dugi ing Lebak
Kulan, dalemipun Mbak Dewi. Kula mlampah dugi radosan selit. Ing Dalemipun Mbak
Dewi, wonten bocah lanang ingkang ngangkat asta utawi “dada” kalih kula. Asmanipun
kak Bambang. Tiyange, pacaripun Mbak Dewi. Mbak Dewi lan Kaaaak Bmbang sampun
gathuk 3 tahun.
“Kak Bambang dek wau
kula dikengken mriki wonten napa?” pitakon kula marang Kak Bambang.
“Ngeten Dik,enjang
enjing kan wonten Piknik ing Jogja, kula ajeng ngajak sampeyan teng dalemipun
Pak Gatot.” wangsulanipun Kak Bambang.
“Teng dalemipun Pak
Gatot ajeng napa Kak?”
“Niku lho Dhek, ajeng
bayar arta sewanipun bus.”
“Owh… Tiyang ingkan
dherek ing Jogja,tiyang pinten Kak?”
“Ingkang Dherek ing
Jogja kinten-kinten 30 tiyanga.”
“Sampun bayar sedaya?”
“Dereng ingkang sampun
bayar 25 tiyang.”
Pancen pawiyatan FORSA (
Forum Silahturahmi Alumni SMP Negeri 1 Sukolilo) kirang persiapan, sahengga
wonten tiyang-tiyang ingkang ajeng dherek boten sios amargi boten gadhah arta.
“Kak,artane sampun
pikhantuk pinten?”
“Saking urunan 25 tiyang
angsal arta Rp 2.000.000,00, dek wau
angsal tambahan saking Pa’e Rp 500.000,00,dados totalipun inggih punika Rp
2.500.000,00.”
Pa’e inggih punika Pak
Bambang guru BIOLOGI SMP kula,tiyangipun Pembina FORSA, Pembina Pramuka, lan wali
kelas kula nalika kula tesih SMP kelas 9. Pak Bambang tiyange arif, dermawan,
lan sae marang sinten kemawon.
Lajeng, Mbak Dewi mecah
arta dados 4 kelompok yaiku kelompok arta bagian konsumsi, arta sopir, kangge
nyewa bus, lan kangge bayar tiket kangge
mlebet Obyek Wisata ing Jogja.
“Sedayanipun sampun
rampung Mbang, Dhek.” Ngendikanipun Mbak Dewi.
“ O.K. nek ngoten pripun
nek kita kesah ing Pating ing dalemipun Pak Gatot.” Ngendikanipun Kak Bambang.
“Kak, sampun wekdal 5
sonten, pripun nek sampeyan ngrencangi kula wangsul rumiyen,amargi kula arep
gantos sandangan, lan nyuwun idin marang Ibu kula.” Karepipun kula.
“O.K. Dhek.”
Ngendikanipun Kak Bambang malih.
Kita lajeng wangsul ing
griyanipun kula. Boten dangu, dugi ing griya kula. Sesampunipun kula gantos
sandangan, kasunyatan boten wonten Ibu kula. Sahengga kula nyuwun idin marang
Eyang Puri kula. Sesampun pikantuk idin, kula lan Kak Bambang lajeng kesah ing
griyanipun Mbak Dewi.
Dugi ing dalemipun Mbak
Dewi lan sedayanipun sampun rampung, kita lajeng kesah ing griyanipun Pak
Gatot. 1,5 jam, kita sampun dugi ing dalemipun Pak Gatot.
“Assalamu’alaikum,,,,,Pak
Ga…tot???”
“Wa’alaikumsalam…Eh
Wulan…piye kabare?? Ayo do mlebu sik..!! Piye Mbang, ana apa??” ngendikanipun
Pak Gatot.
“Allamdulilah sae Pak.”
Wangsulan kula.
“Niki Pak, kula lan
kanca-kanca ajeng nyerahaken arta sewa bus lan kita ajeng ningali bus ingkang
ajeng disewa…Emph…Sampun disewaaken Pak?” lajeng kak Bambang.
‘Lho…Yo during..!!
Jarene Dewi ora sido lungo ning Jogja?” protesipun Pak Gatot.
“Sios Pak,dinten kemis
kula sampun nelfon Pak gatot, menawi sios kesah ing Jogja.” Jelasipun Kak
Bambang.”
“ Lha wong Dewi dek
wingi kondo ning Aku ora sido lunga ning Jogja kok.” Prosipun Pak gato Malih.
“Nggih mpun Pak, sak
niki saene pripun?” ginemanipun kula.
“Yo wis …Ayo ning gone
wong sing duwe bus!!!” ajakipun Pak Gatot.
Kita sedaya langsung
kesah ing griyanipun tiyang ingkang gadhah bus. Kita kaget nalika dugi ing
ngajengipun griya tiyang ingkang gadhah bus, amargi ombo banget.
Sesampun dugi ing griyanipun
tiyang ingkang gadhah bus. Pak Gatot lan tiyang ingkang gadhah bus
rembugan,kasuyatan boten wonten bus ingkang saget disewa.Waduch…sampun
tebih-tebih saking Sukolilo-Pati boten angsal us.Mbak Dewi pucet banget,boten
saged ngendika puna-punapa amargi sedayanipun sampun siap. Kak Bambang medal
griya niku lan nyaduk sela, dudukanipun boten saged ditahan malih.
“kak,pripun” suwanten
kula boten kuat nahan kedadian niki.
“Dhek, cobi telfon
Pa’e!”ngendikanipun Kak Bambang.
Kula ngetik nomor
HPnipun pa’e, lajeng nelfon Pak Bambang.Midhanget suwanten saking mriko….
“Assalamu’alaikum”
suwanten Kak Bambang.
“Wa’alaikumsalam. Pak
Bambang, niki Kak Bambang arep ginem marng panjenengan.” Wangsulanipun kula.
“Inggih monggo…!”
lajengipun Pak Bambang.
Katon ing mriko wonten
Mbak Dewi ingkang rumangsa salah amargi lepat maringi warta marng Pak Gatot.
Sak wekdalipun
dangu,telfon dipejahaken lan wasesanipun enjang enjing Ahad,20 Mei 2012 kesah
ing Jogja ngagem Bus PO.Sukolilo.Kedhadehaniku gawe tiyang keciwa banged.
No comments:
Post a Comment